Subscribe:

Thursday, April 10, 2014

CERKAK BAHASA JAWA WEKTU KELAS 9 SMP

5 PENDEKAR”

Kerajaan husodo yaiku kerajaane para pendekar, macem-maceme pendekar yaiku pendekar pedang, lan pendekar panahan. Waktu iku kerajaan husodo nganaake perlombaan  sing tujuane kanggo ujian para pendekar panahan lan pedang, supaya bisa entuk gelar kang luwih duwur. Kerajaan husodo duweni master pedang lan panahan arane Raja Aswanda. Raja Aswanda dadi raja ing kerajaan husodo lan dadi gurune para pendekar panahan lan pedang.
Para pendekar banjur dikumpulake nang kerajaan, kanggo netepake kapan ujian kanggo entuk gelar mau dilaksanaake, Raja Aswanda langsung mimpin rapat mau. Raja Aswanda langsung ngumumaken, yen ngko lombane arep dilaksanakake ing gunung dieng, lan tugase para pendekar ben biso lulus ujian yaiku berburu siji kewan sing ngganggu penduduk nang gunung dieng. Para pendekar padha seneng, soale ing gunung dieng mau hawane bisa nentremake ati, lan tugase dikira ringan. Nanging ana anggota pendekar panahan lan pedang sing ora melu rapat, banjur Raja Aswanda ngumumake bilih mangke rapat arep diadake maning. Supaya para anggota sing ora melu rapat mau ngerti, sisan kanggo nemtoake dina sing arep dilaksanaake perlombaan lan kanggo ngelatih kemantepane para pendekar.
Ing dina selanjute yaiku dina minggu. Para pendekar ngadakake rapat maning ing kerajaan husodo. Lan dino iki para pendekar bisa hadir kabeh. Langsung Raja Aswanda mimpin rapat maning. Para pendekar padha usul, bilih ngadakake perlombaane pas dino suronan, sisan ngrayaake tahun barune islam. Akhire usulan mau disetujui Raja Aswanda. Kanggo mantepake pas ujian dilangsungake. Kabeh pendekar dilatih marang Raja Aswanda pas dina kuwi napa. Lan dikei cara-cara berburu.
Salah sijine pendekar yaiku arane Bakil. Bakil yaiku kelompok pendekar pedang. Bakil duweni konco-konco sing arane Dawung, Alem, Wulandri, lan Srimbi. Kabeh kuwi kanca akrab. Yen latihan mesthi mangkat bareng. Pas arep mangkat maring gunung dieng, bakil lan konco-koncone mangkat areng kerajaan husodo bareng. “wung, kowe nggowo opo maning”, omong Bakil. “aku nggowone, pedang, kanggo ngko berburu, slimut, klambi, lan peralatan obat-obatan, lah kowe dewe sih kil” Jawab Dawung. “aku mung gowo, klambi ganti lan pedang tok” matur Bakil. “ora gowo slimut, kan nang kono hawane atis?” Dawung takon Bakil. “ora, aku klalen ora gowo slimut, soale aku gugup pas lagi toto-toto klambi” jawab Bakil. “yo wis, ngko barengan puo slimute” jare Dawung. “yo, matur nuwun yo wung” saut Bakil. “yo, kuwi gunane bater” jawab mantep Dawung.
Pas Bakil lan konco-koncone tekan nang kerajaan husodo, kelompok pendekar liyo wes podho tekan lan gari ngenteni Raja Aswanda. Kabeh pendekar wajahipun podho katon bungah. Pendekar pedang lan pendekar panahan dadi siji, koyo ora katon dadi pendekar, soale wajah-wajahipun katon bungah-bungah. Akhire Raja Aswanda teko, lan ngenei pengarahan ingkang lanjut, lan ngumumake bilih maring gunung dieng badhe nyilih kendaraane rakyat kerajaan husodo yaiku jaran, lan kelompok berburu dibagi limo anggota sing sak kelompok. Bakil lan konco-koncone sak kelompok.
 Nanging ana kedadeyan sing kedadeyane mau yaiku  jarane mung ana 10 buntut, padahal jumlahe pendekar ono telung puluh. Akhire Raja Aswanda ngenehi kebijakan bilih, maring gunung dienge ganti-ganti lan sak jaran kudu ditunggangi loro pendekar, supoyo sing sijine wes tekan nang desane gunung dieng lan sing sijine biso njemput pendekar sing lagi nang kerajaan husodo.
Siji teko siji pendekar podho mancal maring gunung dieng. Pendekar sing lagi nang kerajaan husodo yaiku Raja Aswanda, bakil lan konco-koncone, kuncung lan munda. Kuncung lan munda yaiku pendekar panahan sing sak kelompok berburu. Sasampune ngenteni suwe, akhire pendekar-pendekar sing wis kadi gunung dieng padha bali aring kerajaan husodo. Bakil karo kanca-kancane nunggang jaran aring gunung dieng, lan Raja Aswanda kaliyan kuncung lan mundha. Perjalanan aring gunung dieng lumayan suwe soale kerajaan husodo ana nang daerah pemalang, lah gunung dieng ana wonten daerah pekalongan ngidul. Akhire pas nempuh jarak sing lumayan adoh senajan nganggone jaran, Raja Aswanda tekan ing desa gunung dieng sing arane desa bawangan.
Kabeh pendekar padha dipunkumpulake kanggo nemtoake ing tempat ngendi sing ape dinggo istirahat, apa nang desa bawangan utawa ing desa paraten yaiku desa sing perek  puncak gunung dieng. Saderenge diputusake para pendekar dipun wajibaken Raja Aswanda nggon sembahyang. Sasampune sembahyang rembukane di putusake, akhire para pendekar setuju bilih, tempat sing ape dinggo istirahat yaiku ing desa paraten.
Perjalanan maring desa paraten dituju nganggo jalan kaki. Ing sela-sela mlaku para pendekar disuguh pemandangan ingkang mempesona, ciptaane gusti Allah swt. Para pendekar padha andar sambi mlaku itung-itung men aja kesel. Bakil, konco-koncone, lan ditambah munda lan kuncung  mlaku disit nang ngarep. Ura disangka, pas setengah perjalanan udan. Raja Aswanda merintah para pendekar supaya istirahat lan ngenteni udane mandek. Raja Aswanda ngitung para pendekar, supaya ora ana sing keri. Pas dietung,  jebule mung ana 23 pendekar  tok sing istirahat. Bakil, kuncung, munda lan konco-koncone ora ana, kiye sing dadi bingunge Raja Aswanda. Akhire udane mandeg, kabeh pendekar dingkon nglanjutake perjalanane maning, sekaliyan nguluru Bakil lan konco-koncone.
Saking nang ngarepe Bakil ora nyadar yen deweke wes patio adoh saking rombongan. Bakil karo konco-koncone bingung, ape ngeteni utawa nglanjutke perjalanan. “kil, pimen kye, dewek wes adoh kadi rombongan” takon Dawung. “duh, aku be bingung wung, ape neruske perjalanan opo ngenteni, tapi yen ngenteni mesti suwe nemen”. Jawab Bakil. “wes, lanjut puo, deso paraten gari sitik maning dasare, lagian ngkone ketemu nang kono bareng” usul Munda. “yo wes njo lanjut” tambah Dawung. “yo wislah, lha tapi Srimbi karo Wulandri pimen kae, katone wes rodo kesel” takon Bakil. “ura kil, aku ora kesel, wes njo lanjut bae” jawab Sriyani lan Wulandri. “yo wis, njo mlaku maning” teges Bakil. “oke, ojo klalen Bapak Muji, yen tekan kono, yo...” tambah Alem.
Kesepakatan sadurunge mangkat aring desa paraten yaiku, Raja Aswanda mutusake bilih kanggo turune, nang sedulure Raja Aswanda yaiku Bapak Muji. Bakil akhire tekan ing desa paraten, Bakil lan konco-koncone langsung takon karo penduduk kono, sing arane Bapak Muji kuwi daleme nang ngendi. “ngapuranipun, pak, griyonipun Bapak Muji iku teng pundi...?” takon Dawung. “oh,..Bapak Muji, niko lurus mangke teng kiwo wet randu, niku dalemipun Bapak Muji” jawab penduduk. “matur nuwun nggeh, pak” jawab Dawung. “nggeh..nggeh” wangsul penduduk. Dawung lan konco-konco langsung nuju marang umah sing ditunjuke penduduk mau.
“Assalamualaikum, tok..tok..tok” kuncung ngetok umahe Bapak Muji. Ora let suwe ono wong lanang sing bukake pintu. “nggeh...nggeh...waalaikumsalam, monggo mlebet, oh...niki para pendaki nggeh” takon Bapak Muji. “nggeh..nggeh pak” jawab Kuncung, Bakil  lan konco-koncone. Bakil ngroso seneng menawi uis tekan ing umahe Bapak Muji, tapi ono sing aneh jarene Bakil. “lem, kye bener umahe Bapak Muji sedulure Raja Aswanda dudu..?”takon Bakil. “iyo, iyo...kye koyonge umahe Bapak Muji sedulure Raja Aswanda, lha emange nangopo kowe ko’ katon ra ngandel” jawab Alem. “mau ko, Bapak Mujine ngomong, oh niki para pendaki, lha padahalkan dewe pendekar...?” takon Bakil. “oh kuwi, mah ora popo, palingan Raja Aswanda ngomonge karo Bapak Muji, kito kabeh disebut para pendaki, supaya men ojo gumedhe, dumeh dadi pendekar, wes tenang bae.” Jawab Alem. “owh” wangsul Bakil.
Pas bakil wes tekan nang umahe Bapak Muji, Raja Aswanda karo rombongan pendekar lagi nang dalan, karo nguluru-nguluru Bakil lan onco-koncone. Pas diluru ko ora ketemu, Raja Aswanda remada cemas karo keadaane Bakil lan konco-koncone. Akhire Raja Aswanda tekan ing deso paraten pas wektu maghrib, lan langsung aring umahe sedulure yaiku Bapak Muji. “assalamualaikum....” salam Raja Aswanda. “waaliakumsalam., monggo mlebet rumiyin..” jawab Bapak Muji. “nggeh”jawab Raja Aswanda karo ngongkon para pendekar mlebu. “oh nggeh pak..! mau wonten  pendekar sing sampun tekan ing mriki rumiyin mboten” takon Raja Aswanda. “dereng niku pak, mung bapak lan rombongan sing sampun tekan ing mriki.” Jawab Bapak Muji. Saketika atine Raja Aswanda bingung campur aduk, soale Bakil durung tekan. Kabeh pendekar dingkon istirahat sedelut, lubare istirahat para pendekar dikumpulake kanggo ngluru Bakil lan konco-koncone. Akhire pendekar mencar ing desa paraten kanggo ngluru Bakil lan konco-koncone. Nganti isya Bakil lan konco-koncone durung ditemoke. Nganti Bapak Mujine melu ngluru, tembe ketemu. Jebule Bakil ing umahe Bapak Muji sing liyo, dudu ing sedulure Raja Aswanda.
Atine Raja Aswanda remada lego, pas Bakil wes ditemuake. Bakil ilange yaiku sebabe ing deso paraten ana sing arane Bapak Muji kuwi ono wolu dadine Bakil lan konco-koncone salah umah. Lan dugaane Bakil bener, masalah pendaki. Ing desa paraten kuwi akeh umahe warga digunaake kanggo penginapan para pendaki.  Sasampune Bakil, munda, kuncung lan konco-konco ditemuake kabeh pendekar dingkon bali aring umahe Bapak Muji banjur dikumpulake, kanggo rembukan masalah ujian. Raja Aswanda takon karo Bapak Muji, kewan opo bae sing ngganggu para warga. Jarene bapak Muji yaiku kewan celeng, lan macan sing senenge ganggu para warga ing desa paraten. Krungu kewan macan para pendekar raut wajahipun ana sing wedi, termasuke Bakil lan konco-konco. Tapi Raja Aswanda ngenehi tambahan, bilih sopo bae sing biso nangkep macan ing keadaan urip utawa mati badhe ditambahi hadiah yaiku emas sak karung. Raut wajahipun para pendekar langsung berubah seneng. Akhire para pendekar dingkon istirahat kanggo nyiapke fisik berburu ngesuk.
Pas bengi-bengine hawa nang dieng atis teo. Para pendekar turune padha kekep-kekepan. Luwih-luwih Bakil sing ora gowo slimut. “grgrr...wung, slimute barengan, aku atis kye...brbrrr” jare Bakil karo katisan. “oh yo,..brr kye barengan, aku be sing lagi slimutan katisan opo maning kowe sing ora slimutan,  brrrbrr” wangsul Dawung karo katisan nopo. “suwun, wung brrr” jawab Bakil. “iyoo, kekepan bae njoh...bbrrrrr” tambah Dawung. Bakil lan Dawung turune karo kekep-kekepan nanging hawane lagi tetep atis, dadine ora biso turu.
Ing esuk subuh-subuh, para pendekar digugah Raja Aswanda kanggo sembayang subuh. Para pendekar banjur padha tangi, lan langsung banyu wudhu. Lha pas banyu wudhu podho ora kuwat soale koyo wudhu nganggo banyu es. Sasampune sembahyang subuh, Raja Aswanda ngongkon para pendekar nggon mangan disit, soale awet mangkat nganti nginep ing desa paraten para pendekar durung podho mangan. Sakwese mangan para pendekar padha pamitan karo Bapak Muji ndisit kanggo mangkat berburu. Lan ora klalen padha berdoa disit men acara berburune lancar lan entuk hasil.
Para pendekar podho mangkat aring hutane desa paraten.  Ora klalen Raja Aswanda melu ndampingi nopo. Bakil karo konco-koncone mencar kadi kelompok liyo. Bakil karo konco-konco mlaku menjero terus aring hutan.  “kil, aku duweni ide, kito gawe jebakan bae opo bokan ono celeng sing kesangkut” usul Srimbi. “yo, kuwi ide apik..cepet rah gawe” jawab Bakil. “lem, kowe tah ahline gawe jebakan, cepet digawe sing ake” tambah Dawung. “oke..oke aku siap bae” teges Alem. “kiye aku miki gowo kayu akeh, bokan kanggo pas gawe jebakane” usul Wulandri. “wah, bagus kuwi cepet..cepet mene tak gawene” jawab Alem. Akhire kelompoke Bakil gawe jebakan sing akehe ono limo. Nyambi ngenteni jebakane ono hasil, Bakil lan konco-konco nglanjutke berburu, bokan ono macan sing keno diburu.
Siji teko siji, kelompok liyo wes podho oleh buruane. Sing akeh olehe celeng, tapi Bakil lan konco-koncone durung oleh siji-siji yo. Maning didelok jebakane ora ono kewan sing kejerat. Bakil lan konco-koncone remada cemas, bokan ora biso oleh kewan buruan. Wes wektune ape sore, Bakil lan konco-koncone tetep durung nemu kewan buruan siji-siji yo. “duh, wung kepriye kiye. Dewe durung oleh kewan dewek.” Takon Bakil. “duh, aku be bingung, luwih-luwih aku wedi bokan ora lulus ujian” jawab Dawung. “waduh...kepriye toh iki, podho wedi, aku nopo,” tambah Alem. “waduh, kowe-kowe podho bocah lanang kalah karo bocah wadon. Aku sing cah wadon karo Wulandri be ora wedi koh yo” jawab mantep Srimbi. “ iyo, mbok yo, ojo cepet putus asa sih, njoh delok jebakane wes ono hasil durung.”tambah Wulandri. “yo wis...yo...wis...yo...wis, njoh lah” jawab Bakil. “njuh lem, ojo kalah karo bocah wadon, mbok yo ojo wedinan” jare Dawung. “yo lah, moso aku kalah karo bocah wadon” jawab Alem.
Bakil karo konco-koncone niliki jebakan sing pertama, tapi hasile ora ono kewan sing kejerat. Bakil lan konco-koncone mulai cemas. Kepindone Bakil karo kanca-kancane niliki jebakan keloro, tapi hasile podho koyo jebakan sing pertama, ora ono kewan sing kejerat. Bakil lan konco-koncone tambah cemas ditambah ape magrib sing nandaake perburuane ape berakhir. Akhire Bakil mutusake, kelompoke dipisah Srimbi lan Wulandri niliki jebakan ke telu, Alem lan Dawung niliki jebakan sing kepapat, lha Bakil niliki jebakan ke limo. Kelompoke Bakil podho mencar niliki jebakane. Srimbi lan Wulandri pas niliki jebakan ke telu ditiliki ora ono kewan sing kejebak alias kosong, raut muka nipun Srimbi karo Wulandri tambah cemas. Akhire Srimbi lan Wulandri nemoni Dawung lan Alem. Lha pas Dawung lan Alem niliki jebakan ke papat podho bae yaiku longko kewan sing kejebak siji-siji yo. Dawung karo Alem wes ape putus asa, akhire Dawung karo Alem mutusake nemoni Srimbi lan Wulandri. Ora disangka loro-lorone ketemu, lan ngenehi ngerti hasile jebakan ke telu lan kepapat yaiku lonko kewan sing kejebak siji-siji yo. Bocah papat mau wes podho putus asa, bokan ora biso lulus ujian. Lha harapan siji-sijine yaiku Bakil. Dawung, Alem, Srimbi lan Wulandri ngarepke supaya Bakil biso oleh kewan buruan.
Bocah papat mau lungo nemoni Bakil. Pas Bakil lagi niliki jebakane ono kewan siji sing kejebak yaiku celeng, tapi Bakil weruh kadi adoh ono macan sing lagi ngincer celeng sing keno jebakan. Nang jero atine Bakil bingung campur wedi, bingunge yaiku Bakil ape milih celenge opo ape milih nangkep macane. Ora let suwe Dawung lan konco-koncone teko, Bakil langsung ngongkon meneng lan ngomongake masalah jebakane. “wung, iki primen, kae jebakane ono kewan sing kejebak, tapi lagi diincer macan” takon Bakil. “apik rah kuwi, tangkep macane bae njoh” jawab Dawung. “lha tapi primen carane, ngko bokan macane dipereki mlayu adoh.” Takon Bakil. “nah, aku duwe ide, nteni bae men macane nerkam celeng ngko nembe dewe buru macane” usul Alem. “nah kuwi ide apik” tambah Dawung. “yo wis, nteni puo yo” wangsul Bakil.
Pas dienteni, ora suwe macane lansung nerkam celeng mau. Lan ngoyak ngoyak tubuhipun celeng. Langsung bae, Dawung karo Alem ngetoake pedange. Dawung mlayu sak cepet-cepete nuju macan lan nujlepke pedange nang sikile macan. Macane ora nglawan pas Dawung nujlepke pedange.  Alem gentenan, mlayu lan sambi gowo pedange sing ape dinggo nujlepke aring macan. Tapi ora adoh kadi macan sing lagi ketujlep pedang ono anak macan ngraong-ngraong. Bakil langsung teriak “lleeem, ojo ditujlep macane” seru Bakil. Alem langsung mandeg “ono opo kil, ko ora oleh, kae macane durung mati” jawab Alem. “opo kowe tego, mateni induk macan nang ngarepe anake,,,kae delok ono anake..!” jawab Bakil. Alem langsung nyinggaake pedange. “kil, lha kiye kepriye macane wes lemes ora biso mlaku” takon Dawung. “lha kowe obat-obatane digowo ora” takon Bakil. “iyo, aku gowo” jawab Dawung. “macane diobati puo, kye mbi karo lan, tulung obati sikile macan” wangsul Bakil. “kowe nyekeli awake rah, men ojo, nglawan” jawab Srimbi. Akhire Bakil nyekeli sikile macan, Dawung nyekeli awake macan lan Alem nyekeli sirahe macan, ben pas diobati macane ora nglawan. Srimbi langsung ngenehi ramuan obat marang sikile macan. Lan Wulandri bersihake getihe. Terakhir macane wes diobati,lan langsung nempatake ing nggon sing aman karo anak macane.
 Bakil karo konco-konco bingung, soale ape nggowo celeng wes terlanjur di koyak-koyak macan. Akhire Bakil lan konco-koncone bali aring desa paraten ora gowo hasil buruan. Bakil lan konco-koncone wedi bokan ora lulus ujian. Raja Aswanda langsung ngampiri Bakil lan konco-konco, nang atine Bakil wes wedi bokan ora lulus ujian “kil, wung, lem, sri lan wulan tindakane kaliyan pancen mulya, duweni rasa kasih sayang marang ciptaane Allah, mula aku wes ngerti mugane kowe podho ora oleh kewan buruan, kuwi ora masalah” jare Raja Aswanda. “maksude Raja kepripun...?” takon Bakil. “aku meneng-meneng ngikuti kowe berburu, lan weruh tindakane kowe marang macan mau. ”jawab Raja Aswanda. “lha tapi, Raja aku lan konco-konco lulus ora” takon Bakil. “kowe kabeh lulus, senajan ora gowo kewan buruan, sing terpenting nang jiwa pendekar yaiku rasa kasih sayang sesama makhluk ciptaan Allah” jawab Raja Aswanda. Bakil karo konco-koncone bungah, akhire biso lulus ujian lan ora sia-sia latihan dadi pendekar. Ora let suwe perayaan taun baru islam digelar. Atine Bakil lan konco-konco seneng banget biso ngrampungke ujian. Terakhir Bakil lan konco-koncone diangkat dadi patih lan Srimbii lan Wulandri diangkat dadi gantine Raja Aswanda nglatih pendekar ing kerajaan husodo.

...TAMAT...



0 comments:

Post a Comment